Jumat, 10 Oktober 2008

1. EL-A : Adi Winasis ***

Nama Lengkap : Adi Winasis
Domisili : Batam

Kontak -> Email : Available, HP : Available
(mohon lihat dokumen di email tertutup, tidak disebarluas utk umum)







Wis... aku sing crito pertama kali.
Bojoku siji , asal soko Solo. Anakku siji, lanang, umur 7 tahun kelas 2 SD, agak mbeling.. ( mboh nurunsopo ya ? ) Saiki bojoku karo anakku lagi ning Solo ( pondok Mertua Indah ).
Bulan Juni wingi bojoku bar opname nganti 3 kali...Nah untuk pemulihan, untuk sementara pindah ning Solo sik. Anakku ikutan pindah sekolah, ben sinau bahasa Jawa sik.... mosok ning kene belajar bahasa Mandarin.. ( Teguh Jepang ae mungkin gak iso...mung enthuk cedhale thok.. he he.. Berarti saiki JOMBLO ning Batam.
Rencana Desember arep cuti Natalan. Aku kerja ning PT Rubycon Indonesia Batam, nggawe Electrolyte Capacitor (mesti kabeh wis ngert khan.... ) Posisiku saiki Section Head Factory 5, nduwe tanggung jawab bagian manufacturing, enginering untuk produksi kapasitor ukuran gedhe. Tanggung jawab langsung karo Division Manager ( wong Jepang ).
Yo iku wis merdeka, tapi isih dijajah Jepang.
Pas ning Batam, ndhisik pernah ketemu Ali waktu masih kerja ning Astra (saiki jenenge UNISEM ).
Terus ketemu Gunawan Timbul ( karo ibuke tentune ) pas ono proyek ningBatam.
Terus ketemu Mary Ndangkrong pas dadi tamu penting undangan soko SchneiderBatam.
Terus Achmad Khusaeni ( EL B ), ndisik ning Sincom Panasonic Batam, saikining Chevron ( dulu Caltex , Dumai ).
Terus Anwar Marjun ( mesin ), ndhisik ning Sincom Panasonic Batam, saikimbuh...??
Saiki kegiatanku selain kerja, tiap weekend main sepeda ( MTB karo roadbike ) lumayan untuk jaga kesehatan and program ngecilin perut. Karo nyambi nggolek sepeda ex. Singapore sing branded, di rekondisi, terus dilego ning konco-konco... lumayan...
Ada yang mau ikutan? Sing ning Jakarta khan rame B2W ( Bike To Work).....ayo podho melu.... ( promosi.. )
Wah dadi kelingan sepeda onthel inventaris kelase dhewe ndhisik ya... saiki isih rak ya... ?Kelingan ndhisik tuku ning Boyolali ning omahe Agus Penyanyi, karo Suryo and Andri Suma. Ndadhak nganggo kecelakaan barang... he he..
Wis critaku cukup sik ya... ( kayak Curriculum Vitae ae ya... )
Fotone ngko nyusul..
Salam,
Adi W.

Tidak ada komentar: